Kaca:Sekar Melathi.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi
KANGGO NGAPA

Keprungu warta saka surat kabar
Tindak culika sumebar
Para duratmaka sesumbar
Malang kadhak
Kanggo ngapa ta
Iku kabeh ora ana guna
Yen sira mbujung bandha nganggo dalan nista
Bandhamu cepet muspra
Marga darbe wong liya
Kanggo ngapa
Bandha donya
Ra bakal digawa
Yen ajal wis teka
Kanggo ngapa
Sira mbuwang tenaga
Mung kanggo tumindak durjana


BOCAH DESA

Aku bocah desa
Uripku papa cintraka
Ora darbe ngelmu Ian bandha
Uga kurang tata krama

Aku bocah desa
Ora ngerti sandhangane wong kutha
Kang kebak maneka warna

Nadyan aku bocah desa
Ojo sira banjur ngina lan siya-siya
Marga aku uga manungsa
sak lumrahe duwe rasa

10 Sekar Melathi____Aniologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005