Kaca:Sekar Melathi.pdf/25

Kaca iki wis divalidasi
BENCANA

Teka tanpa sraba-sraba
Uga tanpa kandha-kandha
Apa maneh kulanuwun
Agawe manungsa pada bingung
Bencana
Sira soroh amuk
Nrejang omah, sawah, lan gumuk
Ra perduli darbe priyayi
Apa buruh tani


TANGISE IBU PERTIWI

Menapa kita mboten wuninga
Bilih kita kados durjana
Ingkang damel risaking negara
Menapa kita samenika kalimengan
Dhumateng para pahlawan
Ingkang magut Yuda kagem kamardikan
Menapa kita mboten mireng
Tangise ibu pertiwi kang gereng-gereng susah
Mirsani wukir tuwin wanadri
Ingkang samenika kita gundhuli
Tangise ibu pertiwi
Damel trenyuh tiyang ingkang tresna negari

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

11