Kaca iki wis divalidasi
IBU PERTIWI
Wis akeh prajurit sing dadi banten
ora sethithik bandha kang kawetu
mung kanggo lelabuh sliramu
ibu pertiwiku
kang tansah nguripi awakku
Ibu pertiwi
para taruna ngrilakake pawiyatan
amung kanggo perang
ngupadi kamenangan
amrih negara aman
SANDHAL
Sira dianggep barang ora aji
marga papanmu neng ngisor driji
nanging sapa bakal nyangka
sira uga duwe piguna
Tanpa sira sandhal
sikil lara ngidak krakal
Sandhal
marga sira
suku manungsa kejaga
saka sawijining bebaya
Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi
13