Kaca:Sekar Melathi.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi
DESAKU MLANDHANGAN

Kaendahan dhusun Mlandhangan
katon asri dijaga kanthi becik
masyarakat kang sregep reresik
andadekake dhusun iki tetep apik
Adhem ayem tata titi tentrem
regeng langgeng anggone padha paseduluran
gotong-royong kang dadi tengarane
kanggo njaga endahe lingkungane


KEMBANG

Arum wangi gandamu
maneka warna rupamu
sumunar ana ing plataran
kadya titi tata ing ndhuwur suketan
Tak sawang jroning papanmu
endhahing warna angrasuk sukma
anggawa rasa tekane kombang
kang dhahat saripatining kembang


SANDHANG

Esuk, awan, bengi, lan sapitumte
kowe tak enggo ing awakku
rupamu warna-warna
nganti bingung aku milih kanggo lunga

Neng kana neng kene kowe digoleki Ian dipilihi
arep kanggo lelungan
reged tak kumbah, kumel tak setrika
supaya kapenak disawang uwong liya

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

15