Kaca:Sekar Melathi.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi
POTONE MBAHKU

Kowe sing ngelingake sejarahe kulawargaku
Kowe prasastiku
Prasasti kulawargaku
Dhek jaman semana

Poto ...
Kowe sing dadi seksi
Piye ayune simbahku
Piye baguse bapakku
Dhek jaman biyen

Poto ...
Tanpa kowe aku rangerti piye rupane Pangeran Diponegara
Piye rupane Ir. Soekarno
Lan piye rupane mbahku.


BAL-BALAN

Bal-balan, olah raga kang wis misuwur
Ora lanang ora wadon,
Kabeh kenal sing jenenge bal-balan

Dolanan kang nganggo bal
Ngalor ngidul ngoyak bal,
Lan ngetan ngulon ya ngoyak bal

Yen ngegolke padha gegayengan
Yen ora trima padha tawuran

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

21