Kaca:Sekar Melathi.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi

KABUL BUDI DWI CAHYO

SMP Negeri 1 Godean

ADHIKU

Yen ngelingi cilikanmu
yen ngelingi tindak-tandukmu
aku dadi ngguyu
Sanajan kowe mbiyen jambaki rambutku
senengane njiwiti aku
senengane nyuweki bukuku
senengane ngganggu anggonku sinau
Nanging
kowe tetep adhiku
adhi kandhungku
Adhiku
saiki kita padha wus gedhe
padha-padha sekolah SMP
mugo kowe adhiku
pinter sekolahe


ISTIGHFAR

Akeh banget dosa-dosa ing awak iki
kaya gesik sumebar sapinggire kali
mula yen ngono aja nganti lali
marang Gusti Kang Maha Suci
Kanggo nyuda dosa-dosa iki
salah sijine kanthi istighfar
lan tansah ngucap istighfar
muga katurutan apa sing dikarepake

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

23