Kaca:Sekar Melathi.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi
WIT KLAPA

Wit klapa kang tinandur ing pinggir kali
awoh mapirang-pirang janjangan
andadekake ayem ati kaki nira
isa dadi pangupa
Wit klapa kang tinandur ing pingir sumur
awoh mapirang-pirang janjang
marakake loh kaki nira tumetes
saka rasa trenyuh marang peparing
Gusti Kang Murbeng Dumadi
Wit klapa kang tinandur ing saindenging gubug
wus mapuluh taun dadi ratan kaki nira
nerusake tumapaking bebrayan kaliyan nini


GURU BASA JAWA

Pawongan kang sarwa alus
guneme lakune lan kabeh tindak-tanduke
marakake atiku tansah tentrem lan
kumudu-kudu ben bisa ketemu
Pawongan kang bisa andadekake
aku tansah sregep sinau
amarga saka tuntunane
saka rasa asih sing dak tampa
Pawongan kang tansah njurungake aku
marang bab kang bisa andadekake aku
migunani marang wong tuwa loro lan pribadiku

32

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005