Kaca:Sekar Melathi.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi

NANIK HIDAYANI

SMP Negeri 1 Mlati

IBU

Ibu kang nglairake aku
Kang ngupakara aku
Wiwit aku bayi nganti saiki
Uga ibu kang ngurusi

Mula aku kudu ngerti
Lan kudu bekti
Marang bapa uga ibu
Kang wis ngopeni aku.

SEKOLAH

Para siswa padha mangkat sekolah
Amarga padha arep sinau
Supaya dadi bocah kang nggenah
Lan dadi bocah kang pinter lan mituhu

Lanang wadon maju-maju
Tansah giat mangkat sekolah
Amarga arep maca lan nuntut ilmu
Uga arep dadi bocah kang sregep ibadah.

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005____Sekar Melathi

33