Kaca:Sekar Melathi.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi
KANGENKU

Biyen nalika simbah isih ana
basa kang endah iku isih rinasa
ngelus ati ngaras raga
tumanem cles ing ati iki

Apa kang linuwih?
embuh, aku ora ngerti
nanging saiki tansah ngreridhu
nyandhung kabeh lakuku

Aku bingung tenan ca!
bisane mung mandheg mangu
kangen endahe basamu
kaya biyen ....
nalika simbah isih ana

Yaiku tandha kangenku
kangene cah cilik sing durung pana
kangene cah cilik sing durung bisa
anane mung kangen kang kebak rasa

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005____Sekar Melathi

37