Kaca:Sekar Melathi.pdf/53

Kaca iki wis divalidasi
CANDRA

Cahyamu sumunar
anrajang pucuking cemara
sinorot ing beninge banyu kali
dadi seksi kahanan sepi ing wengi iki

Aku kangen wayah kaya ngene iki
tentrem tanpa grudag-gruduge swara mobil lan motor
mung banyu kumricik lan swara jangkrik
sesautan sing ngancani
krikk riikk riiik....

"Jangkrik apa kowe ngerti?
wulan kae yen tak sawang
kok ngawe-awe, ya?"


LAYANGMU

Ing dluwang putih iku
kowe nggaritake bolpoinmu
kumpulan aksara ing layang iki
gawe laraning atiku

Wis rong sasi kowe ninggalake aku
ing paran, ora ngira kowe ngiket janji
ngapusi, bali sawise rampung urusan
nyatane malah nunggu gendhuk ing kana

Wis! wis ora bisa nangis aku
eluhmu luwih larang tinimbang lelakonmu
matur nuwun, matur nuwun kanggo tatu batinku iki
lawang kalbuku wis dak tutup rapet kanggo kowe!

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

39