Kaca:Sekar Melathi.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi
IBUKU SING AYU


Ibu
Wis suwe aku melu marang kowe
Ibu momong aku nganti gedhe
reged mambu ora digape
marang anak banget tresnane

Ibu
dina iki aku ndonga
kanggo kowe sing wis wiwit tuwa
nggawa abot wis ora kuwawa
pamirenge wis ora cetha

Ibu
ora lali anakmu iki
njaluk donga lan pangastuti
muga-muga awan lan bengi
tansah antuk tentrem ing ati

66

Sekar Melathi_____Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005