Kaca:Sekar Melathi.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi
LABETE SANDHAL

Banget gedhe labuh-labetmu
tanpa nggresula ngreksa
ponang suku
saka watu lan paku

tatag tanggon
minangka ganjel saenggon-enggon
gedhung tingkat tembus kebon
sing nggitar, miyano, apa dene sing nyaron

Tampanen nasibmu
aja nganti kawetu
sanggan abot ing baumu
peling wong-wong kang brewu

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bcngkel Sastra Jawa 2005

61