Kaca:Sekar Melathi.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi
GEGURITAN*)


Dening: Drs. Dhanu Priyo Prabowo, M. Hum. Balai Bahasa Yogyakarta

*) Makalah kanggo Bengkel Sastra Jawa murid-murid SMP sa-Kabupaten Sleman, 27-30 Juni 2005.

l.Purwaka

Sastra Jawa umure wus atusan. Lan, wus atusan buku sastra Jawa sing ditulis dening para pujangga. Sastra Jawa kaperang dadi 4 babagan, yaiku (1) Sastra Jawa Kuno,(2) Sastra Jawa Tengahan, (3) Sastra Jawa Baru, lan (4) Sastra Jawa Gagrak Anyar (modern). Kejaba iku, sastra Jawa kaperang dadi 2 jinis, yaiku jinis gancaran (prosa) lan tembang/geguritan (puisi).

Miturut sejarah kasusastran Jawa, guritan iku ana loro, yaiku geguritan tradhisional lan geguritan gagrak anyar (modhern).

geguritan tradhisional, yaiku puisi sing kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran kasebut, yaiku:

  1. cacahing gatra era katemtokake, nanging biyasane sathithike 4 gatra;
  2. cacahing wanda siji lan sijine ajeg padha wilangane;
  3. dhong-dhinge swara ing wekasane gatra kabeh kudu runtut, kudu nganggo purwakanthi guru swara;
  4. ing wiwitane geguritan, biyasane dibukani nganggo tembung sun nggegurit (tegese: aku ngarang/maca geguritan); geguritan ditulis utawa dilesanake minangka pasemon (sindhiran) tumrap kaananing masarakat wektu iku. Kejaba iku, geguritan uga ngemu surasa pendhidhikan.


Tuladha geguritan tradhisional:
Sun nggegurit:
    I. Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi