Kaca:Sekar Melathi.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi

Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ngati.

    II. Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa.

Geguritan gagrak anyar(modern) ,yaiku puisi sing ora kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu (kaya dene geguritan tradhisional). Geguritan modern uga bisa disebut minangka puisi bebas. Ciri-cirine geguritan modhern miturut Moch. Nursyahid Poernomo (2005), yaiku:

  1. biyasane migunakake basa Jawa ngoko;
  2. basa Jawane komunikatif (dudu basa Jawa sing dakik-dakik sing akeh basa Jawa Kunane kaya dene tembang);
  3. cacahe larik (baris) lan pada ora ajeg;
  4. tema-tema sing digarap/ditulis bebas;
  5. ora nganggo tembung sun nggegurit ing wiwitane geguritan.


Tuladha geguritan modhern:
TUMENGA
(j.f.x. hoery)

Kowe isih katrem, anaku
jelungan, sumbar lan gobag sodor
angin lan lintang oyak-oyakan
dudu salahmu, anakku
tekamu tanpa gayungan
katungka bapak kaselak lunga
banjur,....

Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005___Sekar Melathi

77