Kaca:Sekar Melathi.pdf/94

Kaca iki wis divalidasi

endi dandangmu, nini
aku bangothothong kang bakal ngumbah ana kali!

cinandhak dandang kakempit swiwine sang sekti
kinumbah dandang mencorong kaya nalika lagi jinedhi
iki dandangmu lan iki sada lanang wasiat wesi aji
tampanana nini lan den-enggal kowe bali
awit sedulurmu padha budhal nggah-unggahi
andhe-andhe lumut ing dhukuh wuluhan desa pasirapan peni

wau ta si bangothothong
ilang musna malih dewa suralaya
bali makayangan ing swarga loka
angin sumribit anggonda cendhana

kagyat mbok randha dhadhapan mbok randha sambega
dene si kuning ngempit dandang mencorong teja
iki apa dandang saka swarga
kang kok-tuku nganggo ngorbanake salira?

sang dyah ayu meneng ra suwala
atine remuk kaya binanting ing sela
wau ta sang dyah ayu kleting kuning
mothah anyuwun palilahe mbok randha sambega
arep melu nggah-unggahi sang bagus teruna
kaya kleting biru, dhadhu, ungu sedulur tuwa

we la bocah ora kaprah
rupamu elek kaya silit tampah
ambumu banger kaya kembang bangah
kowe arep nggah-unggahi jejaka bagus
anake mbok randha wuluhan kang kementhus?

cinandhak sang dyah ayu kleting kuning
pinupur telek pitik tinapih klaras gedhang
setagen tampar memehan kinemben eri bandhotan

80

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005