Kaca:Sekar Melathi.pdf/96

Kaca iki wis divalidasi

kaget mbok randha wuluhan desa pasirapan krungu swara
amandeng pucuke netra
rupamu elek ambumu kelek kethek
apa kowe bisa bakal katrima?
wis ping pira para kenya
kenya yu dharah mbok randha dhadhapan mbok randha
sambega
tinampik ing sang pekik
we la yen kowe ameksa
dakjaluke palilane sang jejaka

angin sumribit angganda cendhana
sumriwing ing kuping
manuk ngoceh ing pakebonan
apa kang bakal linakonan?

"putra ngger si andhe-andhe lumut
tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi
putrine kang elek rupane
kleting kuning iku kang dadi asmane"

kaget mbok randha wuluhan mbok randha pasirapan
si kleting rinangkul siniram banyu sendhang kencana
badhar si kuning dadi dewi sekartaji dewi galuh candrakirana
badhar si bagus dadi raden panji inu kertapati putra jenggala
wau ta inbok randha dhadhapan mbok randha sambega
kaget asemu gela dene wis milara sang dyah ayu kesuma
ah, apa kang bakal tinampa
keris apa pedhang anigas jangga?

Surabaya, Desember 1971

(kapethik saka Guritan: Antologi Puisi Jawa Modern (1940—1980), Balai Pustaka, karya Suripan Sadhi Hutomo,1985)

82

Sekar Melathi___Antologi Geguritan Bengkel Sastra Jawa 2005