Kaca:Serat Pararaton.pdf/85

Kaca iki durung katitiwaca

[...pêl,] dene ingkang măngka tăndha saksinipun cariyos wau kagancarakên wontên ing Sêrat Pararaton ing jilidan ăngka II.

Miturut ingkang kasêbut ing Sêrat Pararaton jilidan ăngka II ingkang wêwaton sêsêratan ing kropak, sarta sêrat iyasanipun Tuwan Groeneveldt ingkang wêwaton pêpèngêtan ingkang pinanggih wontên ing nagari Cina, sarta sêrat dêdamêlanipun Tuwan Van der Lith: Merveilles ing kaca: 241 ingkang ugi awêwaton ing tăndha saksi sanès-sanèsipun, sampun têtela sangêt bilih ing jaman abad ingkang kaping tigawêlas ing taun Walandi kados ingkang kasêbut ing nginggil, ing salèripun lèpèn Brantês,[5] sarta ing kidulipun, wontên karatonipun kêkalih, ingkang êlèr karaton Tumapêl, ingkang kidul inggih punika ing Kêdhiri sapunika, dunungipun karaton ing Daha. Bab ingkang kathah-kathah prakawis karaton kêkalih punika dumuginipun karaton ing Majapait, ngancikipun jaman Islam, kacariyos wontên ing sêrat ingkang jilidan ăngka, II.

                                __________