Kaca:Serat Pararaton.pdf/86

Kaca iki durung katitiwaca

VII. Bab Kawontênanipun Agami tuwin Kawruh Hindhu ing Pulo-pulo

                                India sanês-sanêsipun

Bab kawontênanipun agami tuwin kawruh Hindhu ing pulo sanès-sanèsipun, kajawi ingkang sampun kasarambah dipun cariyosakên ing ngajêng ing bab dhatêngipun tiyang Hindhu, namung wontên cariyosipun sawatawis kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

                                 Ing Madura.

Kawontênanipun agami tuwin kawruh Hindhu ing Madura, sakêdhik sangêt cêcriyosanipun, kawontênanipun ing ngriku sadaya magêpokan kalihan gêgolonganipun kawruh kagunan Hindhu ing Jawi Wetan. Mênggah bayinatipun ingkang pinanggih ing ngriku kalêbêt yêyasan sarta dêdamêlan ing salêbêtipun abad ingkang wêkasan, kados ingkang pinanggih wontên ing pulo Jawi ingkang wetan piyambak.