Kaca:Serat Wedhatama.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧓꧇


ꦠꦤ꧀ꦱꦩꦂꦥꦩꦺꦴꦂꦫꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ꧈
ꦱꦶꦤꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩꦪꦮꦶꦤꦃꦪꦲꦶꦁꦔꦱꦼꦥꦶ꧈
ꦱꦶꦤꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈
ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦮꦫꦤ꧈
ꦠꦂꦭꦺꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦭꦶꦪꦼꦥ꧀ꦭꦪꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦭꦸꦪꦸ
ꦥ꧀​ ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦥꦼꦱꦠ꧀ꦠꦶꦁꦱꦸꦥꦼꦤ꧈
ꦱꦸꦩꦸꦱꦸꦥ꧀ꦥꦶꦁꦫꦱꦗꦠꦶ꧉


tan samar pamoring suksma | sinuksmaya winahya ing asepi | sinimpen telenging kalbu | pambukaning warana | tarlèn saking liyep layaping aluyup | pindha pesating supena | sumusup ing rasa jati ||