Kaca:Serat Wedhatama.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧓꧇


ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦿꦱꦏꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦩ꧈
ꦊꦭꦤꦭꦭꦢꦤ꧀ꦱꦼꦥꦶ꧈
ꦔꦶꦁꦱꦼꦥ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦥꦤ꧈
ꦩꦿꦶꦃꦥꦤꦥꦤꦿꦮꦺꦁꦏꦥ꧀ꦠꦶ꧈
ꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱ꧀ꦩꦂꦱꦸꦢꦶ꧈
ꦩꦂꦢꦮꦤꦶꦁꦧꦸꦠꦸꦭꦸꦱ꧀
ꦩꦼꦱꦸꦫꦺꦃꦏꦱꦸꦢꦂꦩꦤ꧀
ꦤꦺꦁꦠꦼꦥꦶꦤꦶꦁꦗꦭꦤꦶꦣꦶ꧈
ꦱꦿꦸꦤꦶꦁꦧꦿꦠꦏꦠꦩꦤ꧀ꦮꦃꦪꦸꦢꦾꦠ꧀ꦩꦶꦏ꧉


saben méndra saking wisma | lelana laladan sepi | ngingsep sepuhing sopana | mrih pana pranawèng kapti | titising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mesu rèh kasudarman | nèng tepining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu dyatmika ||