Kaca:Serat Wedhatama.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧑꧇


ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦤꦏ꧀ꦔꦸꦥꦧꦺꦴꦒ꧈
ꦫꦺꦃꦤꦺꦠꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦭꦔꦶꦥ꧀
ꦲꦥꦠꦱꦸꦮꦶꦠꦺꦁꦤꦠ꧈
ꦠꦤꦶꦠꦤꦥꦶꦲꦒꦿꦩꦶ꧈
ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦩꦩꦶ꧈
ꦥꦢꦸꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦢꦲꦠ꧀ꦖꦸꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀
ꦢꦸꦫꦸꦁꦮꦿꦸꦃꦕꦫꦄꦫꦧ꧀
ꦗꦮꦤꦺꦧꦲꦺꦠꦤ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧈
ꦥꦫꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦶꦥꦼꦏ꧀ꦱꦩꦸꦭꦁꦥꦸꦠꦿ꧉


nanging énak ngupa boga | rèhné ta tinitah langip | apa ta suwiténg nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | paduné wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawané baé tan ngenting | parandéné paripeksa mulang putra ||