Kaca:Serat Wedhatama.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧔꧇


ꦠꦩꦤ꧀ꦭꦶꦩꦸꦠ꧀ꦢꦸꦂꦒꦩꦺꦁꦠꦾꦱ꧀ꦏꦁ​ꦮꦺꦃꦭꦶꦩ꧀ꦥꦸꦠ꧀
ꦏꦺꦉꦩ꧀ꦫꦶꦁꦏꦫꦩꦠ꧀
ꦏꦫꦤ​ꦏꦫꦺꦴꦧꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦃ꧈
ꦱꦶꦃꦲꦶꦁꦯꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ​ꦔꦽꦢꦱꦲꦂꦢꦶꦒꦼꦁꦔꦶꦫ꧉


taman limut durgaméng tyas kang wéh limput | kérem ring karamat | karana karoban ing sih | sihing Suksma ngreda saardi gengira ||


꧇꧕꧇


ꦪꦺꦏꦸꦥꦠꦸꦠ꧀ꦠꦶꦤꦸꦭꦢ꧀ꦠꦸꦭꦢ꧀ꦠꦶꦤꦸꦫꦸꦠ꧀
ꦱꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦲꦶꦫ꧈
ꦲꦗꦏꦪꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦶꦤ꧀
ꦏꦺꦃꦥꦿꦩꦸꦝꦩꦸꦤ꧀ꦝꦶꦝꦶꦫꦶꦫꦥꦭ꧀ꦩꦏ꧀ꦤ꧉


yéku patut tinulad-tulad tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kéh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||