Kaca:Serat Wedhatama.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧖꧇


ꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦼꦕꦸꦱ꧀ꦏꦱꦸꦱꦸꦏꦱꦼꦭꦏ꧀ꦧꦼꦱꦸꦱ꧀
ꦲꦩꦏ꧀ꦤꦤꦶꦫꦥꦭ꧀
ꦏꦪꦱꦪꦶꦢ꧀ꦮꦼꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦱꦶꦂ꧈
ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦒꦸꦤꦤꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩ꧉


durung pecus kasusu kaselak besus | amaknani rapal | kaya sayid weton Mesir | pendhak-pendhak angendhak gunaning janma ||


꧇꧗꧇


ꦏꦁꦏꦢꦾꦺꦏꦸꦏꦊꦧꦸꦮꦺꦴꦁꦔꦏꦸꦲꦏꦸ꧈
ꦲꦏꦭ꧀ꦭꦺꦲꦭꦁꦏ꧈
ꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀ꦗꦮꦤꦺꦢꦺꦤ꧀ꦩꦺꦴꦃꦲꦶ꧈
ꦥꦏ꧀ꦱꦔꦁꦏꦃꦭꦁꦏꦃꦩꦺꦠ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦁꦩꦼꦏꦃ꧉


kang kadyéku kalebu wong ngaku-aku | akalé alangka | élok Jawané dén mohi | paksa ngangkah langkah mét kawruh ing Mekah ||