Kaca:Serat Wedhatama.pdf/4

Kaca iki wis divalidasi
꧅꧇꧑꧇ꦥꦁꦏꦸꦂ꧅


(1. PANGKUR)


꧇꧑꧇



ꦩꦶꦁꦏꦂꦩꦶꦁꦏꦸꦂꦫꦶꦁꦲꦁꦏꦫ꧈

ꦲꦏꦫꦤꦏꦉꦤꦤ꧀ꦩꦂꦢꦶꦱꦶꦮꦶ꧈

ꦱꦶꦤꦮꦸꦁꦉꦱ꧀ꦩꦶꦤꦶꦁꦏꦶꦢꦸꦁ꧈ꦱꦶꦤꦸꦧꦱꦶꦤꦸꦏꦂꦠ꧈

ꦩꦿꦶꦃꦏꦽꦠꦂꦠꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦶꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦭꦸꦲꦸꦁ꧈

ꦏꦁꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦤꦺꦁꦠꦤꦃꦗꦮ꧈

ꦲꦒꦩꦲꦒꦼꦩ꧀ꦩꦶꦁꦲꦗꦶ꧉


mingkar-mingkuring angkara | akarena karenan mardi siwi |

sinawung resmining kidung | sinuba sinukarta |

mrih kretarta pakartining ngèlmu luhung |

kang tumrap nèng tanah Jawa |

agama ageming aji ||