Kaca:Serat Wedhatama.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧘꧇


ꦤꦺꦴꦫꦮꦼꦫꦸꦃꦫꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦫꦱ​ꦏꦁꦫꦶꦤꦸꦫꦸꦃ꧈​
ꦭꦸꦩꦼꦏꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦁꦒ꧈​
ꦲꦁꦒꦼꦂꦫꦺ​ꦥꦝꦩꦂꦱꦸꦢꦶ꧈​
ꦏꦤꦏꦺꦤꦺꦏꦲꦤꦤ꧀ꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦧꦺꦢ꧉


nora weruh rosing rasa kang rinuruh | lumeketing angga | anggeré padha marsudi | kana kéné kahanané ora béda ||


꧇​꧙꧇


ꦲꦸꦒꦼꦂꦭꦸꦒꦸꦢꦺꦤ꧀ꦠꦩꦿꦶꦃꦥꦿꦊꦧ꧀ꦢꦺꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈​
ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦧꦸꦭ꧀ꦏꦧꦸꦏ꧈​
ꦲꦶꦁꦢꦿꦗꦠ꧀ꦏꦗꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦔꦸꦫꦶꦥ꧀​
ꦏꦪꦏꦁ​ꦮꦸꦱ꧀ꦮꦶꦤꦃꦪꦺꦁꦱꦼꦏꦂꦱꦿꦶꦤꦠ꧉


uger lugu dèn ta mrih pralebdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahyèng sekar sri nata ||