Kaca:Serat Wedhatama.pdf/42

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧒꧇


ꦧꦛꦫꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦲꦸꦒꦼꦂꦒꦿꦤ꧀ꦤꦶꦁꦗꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈
ꦗꦼꦤꦼꦏ꧀ꦲꦾꦁꦮꦶꦱꦺꦱ꧈
ꦱꦤꦥꦱꦼꦤꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦸ   ꦏ꧀ꦖꦶ꧈
ꦤꦺꦴꦫꦏꦪꦱꦶꦩꦸꦣꦩꦸꦣꦂꦲꦁꦏꦫ꧉


batharagung ing uger graning jejantung | jenek Hyang Wisesa | sana pasenetan sukci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||


꧇꧑꧓꧇


ꦤꦺꦴꦫꦲꦸꦮꦸꦱ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦩꦺꦲꦔꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦮꦸꦱ꧀
ꦲꦸꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦲꦤ꧈
ꦩꦸꦁꦗꦁꦗꦶꦤꦺꦩꦸꦫꦶꦁꦩꦸꦫꦶꦁ꧈
ꦏꦪꦧꦸꦠꦧꦸꦠꦼꦁꦧꦼꦠꦃꦔꦤꦶꦲꦪ꧉


nora uwus kareme anguwus-uwus | uwose tan ana | mung jangjine muring-muring | kaya buta buteng betah nganiaya ||