Kaca:Serat Wedhatama.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧇


ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦫꦒꦥꦸꦤꦶꦏꦸ꧈
ꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦒꦁꦭꦏꦸ꧈
ꦱꦸꦱꦸꦕꦶꦤꦺꦲꦏꦫꦤꦱꦏꦶꦁꦮꦫꦶꦃ꧈
ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃꦭꦶꦩꦁꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸ꧈
ꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦠꦏ꧀ꦏꦶꦁꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀꧈
sembah raga puniku | pakartine wong magang laku | sesucine asarana saking warih | kang wus lumrah limang wektu | wantu wataking wewaton ||


꧇꧓꧇


ꦲꦶꦁꦔꦸꦤꦶꦲꦸꦤꦶꦢꦸꦫꦸꦁ꧈
ꦱꦶꦤꦫꦮꦸꦁꦮꦸꦭꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦫꦸꦁ꧈
ꦭꦒꦶꦲꦶꦏꦶꦧꦁꦱꦏꦱ꧀ꦩꦼꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀
ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦶꦒ꧀ꦚꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦱꦫꦺꦔꦠ꧀ꦠꦺꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀ꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀꧈
ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinerung | lagi iki bangsa kas metoken anggit | mintoken kawignyanipun | sarengate elok-elok ||