Kaca:Serat Wedhatama.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧖꧇


ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦗꦩꦤ꧀ꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀​
ꦠꦠꦠꦶꦠꦶꦭꦸꦩꦿꦃꦠꦸꦩꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀​
ꦧꦁꦱꦱꦿꦺꦔꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦶꦤꦺꦴꦂꦭꦤ꧀ꦭꦏꦸꦧꦠꦶꦤ꧀​
ꦢꦢꦶꦤꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦧꦶꦔꦸꦁ꧈ ꦏꦁꦥꦝꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦾꦁ​
ꦩꦤꦺꦴꦤ꧀꧈
yèn ta jaman karuhun | tata titi lumrah tumaruntun | bangsa sréngat tan winor lan laku batin | dadi nora duwé bingung | kang padha nembah Hyang Manon ||


꧇​꧗꧇


ꦭꦶꦂꦫꦺꦱꦫꦺꦔꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧈​
ꦏꦼꦤ​ꦲꦸꦒ​ꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦏꦸ꧈​
ꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦲꦠꦧꦼꦫꦶ꧈​
ꦥꦏꦺꦴꦭꦶꦃꦲꦺꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀​
ꦚꦼꦚꦼꦒꦼꦂꦧꦢꦤ꧀ꦩꦿꦶꦃꦏꦲꦺꦴꦠ꧀꧈
liré saréngat iku | kena uga ingaranan laku | dhingin ajeg kapindhoné ataberi | pakolihé putraningsun | nyenyeger badan mrih kaot ||