Kaca:Serat Wedhatama.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧘꧇


ꦮꦺꦴꦁꦱꦼꦒꦼꦂꦧꦢꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦲꦺꦴꦠꦺꦴꦠ꧀ꦢꦒꦶꦁꦏꦸꦭꦶꦠ꧀ꦧꦭꦸꦁꦱꦸꦁꦱꦸꦩ꧀
ꦠꦸꦩꦿꦃꦲꦶꦁꦫꦃꦩꦩꦫꦃꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁꦔꦶꦁꦔꦠꦶ꧈
ꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁꦔꦶꦁꦔꦠꦶꦤꦸꦤꦸꦁꦏꦸ꧈
ꦲꦁꦔꦿꦸꦮꦠ꧀ꦫꦸꦮꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀꧈
wong seger badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrahing rah memarah antenging ati | antenging ati nenungku | angruwat ruweting batos ||


꧇꧙꧇


ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀
ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦲꦱ꧀ꦤꦥꦸꦤ꧀
ꦧꦺꦢꦧꦺꦢꦥꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦩꦶꦁꦢꦸꦩꦢꦶ꧈
ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦤꦺꦴꦫꦗꦸꦩ꧀ꦧꦸꦃ꧈
ꦠꦺꦏꦢ꧀ꦏꦁꦥꦣꦭꦶꦤꦏꦺꦴꦤ꧀꧈
mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhning [sarehné] asnapun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayektine nora jumbuh | tekat kang padha linakon ||