Kaca:Serat Wedhatama.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧇


ꦗꦶꦤꦼꦗꦼꦂꦤꦺꦁꦮꦺꦝꦠꦩ꧈

ꦩꦿꦶꦃꦠꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦏꦏꦼꦩ꧀ꦧꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶ꧈
ꦩꦁꦏꦤꦤꦾꦤ꧀ꦠꦸꦮꦥꦶꦏꦸꦤ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦫꦱ꧈
ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦱꦼꦥꦶꦲꦱꦼꦥꦭꦶꦂꦱꦼꦥꦃꦱꦴꦩꦸꦤ꧀
ꦱꦩꦁꦱꦤꦺꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀
ꦒꦺꦴꦚꦏ꧀ꦒꦚꦸꦏ꧀ ꦔ꧀ꦭꦶꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶ꧉


jinejer nèng Wédhatama | mrih tan kemba kakembenging pambudi | mangka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yekti sepi asepa lir sepah samun | samangsané pakumpulan | gonyak-ganyuk nglilingsemi ||