Kaca:Serat Wedhatama.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi
꧇꧑꧔꧇


ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦩ꧀ꦧꦃꦏꦢꦾꦺꦏꦸ꧈
ꦱꦫꦠ꧀ꦱꦫꦺꦃꦱꦤꦶꦱ꧀ꦏꦫꦺꦁꦭꦏꦸ꧈
ꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦱꦏꦲꦼꦤꦼꦁꦲꦼꦤꦶꦁꦲꦺꦭꦶꦁ꧈
ꦲꦶꦭꦁꦔꦶꦁꦫꦱꦠꦸꦩ꧀ꦭꦮꦸꦁ꧈ ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦢꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦲꦾꦁ
ꦩꦤꦺꦴꦤ꧀
yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka eneng ening èling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||


꧇꧑꧕꧇


ꦒꦒꦂꦫꦺꦔꦸꦁꦒꦂꦏꦪꦸꦤ꧀
ꦠꦤ꧀ꦏꦪꦸꦁꦪꦸꦤ꧀ꦩꦿꦶꦁꦲꦪꦸꦤꦶꦁꦏꦪꦸꦤ꧀
ꦧꦁꦱꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦶꦤꦶꦒꦶꦠ꧀ꦤꦺꦴꦫꦢꦢꦶ꧈
ꦩꦂꦩꦢꦺꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀
ꦩꦿꦶꦁꦥꦩꦸꦫꦸꦁꦔꦶꦁꦭꦭꦏꦺꦴꦤ꧀
gagarè ngunggar kayun | tan kayungyun mring ayuning kayun | bangsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn émut | mring pamurunging lelakon ||