Kaca:Serat Wedhatama.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧘꧇


ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦭꦸꦒꦸ꧈
ꦲꦗꦥꦶꦱꦤ꧀ꦮꦤꦶꦔꦏꦸꦲꦏꦸ꧈
ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦱꦶꦏꦸꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦏꦏꦶ꧈
ꦏꦼꦤꦲꦸꦒꦮꦼꦤꦁꦩꦸꦭꦸꦏ꧀​
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦩꦼꦭꦺꦴꦏ꧀꧈
kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kena uga wenang muluk | kalamun wus padha melok ||


꧇​꧙꧇


ꦩꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦲꦸꦗꦫꦶꦏꦸ꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦶꦭꦁꦱꦸꦩꦼꦭꦁ​ꦔꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈
ꦲꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦒꦸꦩꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦠꦏ꧀ꦢꦶꦂ꧈
ꦲꦶꦏꦸꦢꦺꦤ꧀ꦲꦮꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀
ꦢꦺꦤ꧀ꦩꦼꦩꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦂꦱꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦠ꧀꧈
meloké ujar iku | yèn wus ilang sumelanging kalbu | amung kandel-kumandel ngandel ing takdir | iku dèn awas dèn émut | dèn memet yèn arsa momot ||