Kaca:Sumunar.pdf/10

Kaca iki wis dikorèksi

SENTHIR

Siti Atibah

Mulih sekolah Satriyo gegancangan nyelehake tas gedhe kang katon kebak buku. Wedang putih ing gelas plastik diombe nganti entek, Krongkongan sing maune garing saiki wis teles. Seger. Nanging praupane Satriyo isih katon suntrut. Dheweke tansah kepikiran Bapake sing wis patang dina iki ora bisa tangi. Mula kanthi rerikatan Satriyo tumuju ing kamar Bapake sinambi nyangking tas kresek isi bungkusan bubur.

“Kades pundi, Pak? Taksih mumel?” pitakone Satriyo lirih ing sacedhake kupinge Bapake,

Pak Widodo isih merem ngampet lara. Nanging bareng kupinge krungu swarane anake sing lagi kelas nem SD, Pak Widodo kriyip-kriyip ngelekake mripate.

“Iya ...Le. Bapak .. isih krasa ... mumet,” wangsulane Bapake kanthi swara grothal-prathul

Satriyo enggal-enggal mijeti sikile Bapake. Bocah umur rolasan taun iku pancen ngeman banget marang Bapake. Sawise Ibune seda, ya kari Bapake iki siji-sijine wong ing donya iki kang diduweni dening Satriyo,

“Dhahar bubur rumiyin, nggih Pak?” pitakone Satriyo sinambi mbukak bungkusan isi bubur. Sabubare sekolah Satriyo ora lali tuku bubur rong wungkus ana ing warunge Yu Jum.

Katon luh kumembeng ana ing pojok mripate Pak Widodo, Atine trenyuh banget weru pangabektine aneke lanang kang semono gedhene. Pikirane uga banjur kelingan marang bojone kang wus mulih ndhisik ing pangayunaning Pangeran.

Sanajan ilat krasa pait, Pak Widodo nurut marang anake lanang, Bubur sawungkus wis pindhaha ana ing wetenge Pak widodo,

“Malih, Pak?” "Ora,Le. Bapak...wis krasa...wareg...," wangsulane Pak Widodo "inggih syukur, Pak. Mugi-mugi kekiyatan Bapak enggal pulih.Mangga, ngunjuk rumiyin." Sabubare ngiadeni Bapake, Satriyo banjur mbukak wungkusan siji maneh. Orang nganti semenit, bubur sawungkus wis ludhes tanpa sisa. “Wis, Le. Turua ... ndhisik, Mengko bengi ... kareben bisa sinau” kandhane Pak Widodo kanthi swara kang isih grothal-grathul

SUMUNAR Antologi nta Cekak, 1