Kaca:Sumunar.pdf/106

Kaca iki durung katitiwaca

“Mas Bayu ...?!” Mangkono swara bocah cilik wadon nyeluk dheweke.

“Eh ... Dik Intan,” wangsulane Bayu karo bikut ngusap eluhe, Isin yen dimangerteni dening Intan, bocah dlik kang isih lungguh ana ing kelas loro SD,

Intan mono putrane Bu Nanik, tangga cedhake. Intan katon seneng ketemu dheweke. Bayu dadi kelingan sanadyan isih kelas loro SD, Ananging putrane Bu Nanik kuwi mau dadi kembang lambe lan kawentar ing kampunge menawa Intan bocah kang pinter, mandhiri, lan uga seneng mbiyantu wong wong tuwa lan tangga teparone, Bayu dadi mangerteni menawa apa sing wantune. Kedadeyan gempa iki dadi pelajaran kang becik tumrap dheweke supaya bisa urip mandhiri lan manut apa ngendikane Bapak Ibune.

“Mas Bayu, bareng mulih, yuk? Aku ngesti dalane kok?!” mangkono gempa isuk mau, Babar blas Intan ora duwe rasa wedi, apa maneh nangis,

“Eh... iya, Dhik, Nuwun,” wangsulane Bayu karo ngadeg njejeri Intan, Bocah loro mau banjur mlaku bareng, Bayu seneng ketemu Intan, tanggane. Upama ora, mesthi wae dheweke isih klekaran neng ngarep toko karo bingung,

Sanadyan jangkahe, ananging sorot mripate wis rasa kuwatire. Malah katon manteb langkahe. Tang

“Bayu... Intan ...!”

Krungu ana swara ngundang jenenge, bocah loro mlayu nyedhaki swara mau lan ambyur ana ing pangkone wong tuwane dhewe-dhewe.

“Matur nuwun, Dhik Intan <,” lirih swarane Bayu nelakake rasa syukure. Pak Prapto, Bu Tutik, Bu Nanik, lan garwane padha mesem nggumun karo tumindake Bayu kang ora kaya padatane.

Gempa sing ora nganti samenit isuk mau kasunyatan bisa ngrubah karo kandhane pawongan sing nyedhaki dheweke mau. Kabeh pancen wis tinitah. Saupama kudu kelangan putra siji-sijine, Pak Prapto lan Bu Ida wis Kluwarpane Bu Ida. Mula, isih diparingi kapercayan momong lan gulawenthah putra kinasihe, Nasib manungsa pancen wis pinaris, Mula kudu bisa nampa apa sing wis dadi takdire, Bandha amung titipan lan anak gadhuhan.

pi

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 97