Kaca:Sumunar.pdf/107

Kaca iki durung katitiwaca

WIRANG

Ki Wahyudi Purnama

Wong urip bebrayan ing pasrawungan masarakat iku pancen kudu ngatiati. Ora mung waton, nanging kudu duwe wewaton yen bakal tumindak utawa ngarani liyan. Upa kudu duwe sangu kang cukup lan wawasan kang jembar. Dadi ora mung sarwa-sarwi deduwe sakabehe.

Kaya si Bandhol, satemene uripe mono kecukupan Nanging ndadekake pasulayan,

“Jarene wis dadi dhosen, Iha kak isih nduweni patrap kang ora becik?” jam setengah sanga wengi.

“Lha kepiye ta, kang? Kok kowe bisa duwe panemu kang kaya mangkono?!” pitakone Prapto nyauri omongane Bandhot, TT

“Ngene Iho Prap, durung suwe iki, nek ora kleru ngepasi dina Setu kepungkur, aku meruhi Pramono mlaku ing dalan boncengan karo wong wedok. Kamangka kowe ngerti ta Prap ..., yen Pramono iku wis duwe sisihan lan wis suwe anggone uri bebrayan karo Jumiyati, Malah wis duwe

ngomong,

“Lho Prap, nek dheweke iku ora dadi dhosen wae ora dadi apa. Lha Negeri, gek putrane wong kondhang pisan, Iha kok polahe kaya wong edan! kin aku, Prap ... isin aku! Horoh ... kepiye yen nganti konangan lan

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 98