Kaca:Sumunar.pdf/108

Kaca iki durung katitiwaca

dimangerteni karo tangga-tangga liyane? Apa ara malah miranp-mirangke

“Aaah ... ora sudi wong ya wis gedhe, tuwa .,. rak ya ngerti ta yen tumindak selingkuh iku ora bener? Ora bedik? Malah kapara nerak angger- anggering apama lan ajining dhiri wanita?” wangsulane Bandhot kanthi rada sajak katon anyel lan mangkel

“Ora ta, Ndhot Sakjane kowe kuwi ngerti ora, t2? Sapa satemene wanita kang, diboncengake Mas Pramono nalika dina Setu kepungkur iku?” pitakone Prapto kang sajak kepingin ngerti saknyatane.

“Nek sing cetha, aku dhewe ora tepung karo wanito iku, Ning katone dudu bocah kene, wong dandanane wae kaya wong weden nakal” wangsulane Bandhot karo nggambarake pawongan waong wadon kang

Wong loro anggone ngrasani Pramono ngalor ngidul nganti kemput. Nganti lali Jan ora ngrasakake tekane pawongan kang wis wiwit mau ngadeg ana ing samburine Pos Rondha, Pawongan mau ora liya jebul Pramono! Ara ing mburi Pos Rondha, Pramono nggatekake kabeh apa kang dikandhakake Bandihot karo Prapto kang katone duwe panyakrabawa ala marang, dheweke, Ya perkara dina Setu anggone mboncengake wong wadon kang ora sengaja mburi pos rondha, rondhane Pramono, Prapto, Bandhot, lan Pak Kunta, Gegandhengan Bandhot

dirampungake kabeh bebarengan karo kanca-kancane Pramono ing kantor.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 99