Kaca:Sumunar.pdf/113

Kaca iki durung katitiwaca

“ki, diombe dhisik, Dhik!” kandhane Wati karo ngulungake banyu pulih sapelas, “Kareben lerem atimu.”

“Nuwun, Mbak,” wangsulane Wati kanthi cekak.

Wati mesem. Atine ayem jalaran Tini wis pelem wangsulan sanajan pn MER Tini banjur ambegan landhung. Sajake perkara kang abot katutmlebu wetenge Tini bebarengan karo banyu putih diombe.

“Wis Dhik, gek ndhang crita. Ana apa jalarane kok Dhik Tini katon

Yi

Tini mbaleni ambegan landhung kaping pindho. Dheweke banjur nata ati saperlu ngudarasa marang kancane, Wati.

“Mbak Wati” mangkono Tini miwiti ngudhari ing ati, “apa bener katremnan iku bisa diparo dadi loro?” ihi

Wati katon cingak keprungu celathune Tini, Sajak ana kang, dipagas dening Wati. Mula dheweke mung ndelengke mripate Tini kang, isih kaca-kaca,

“Kepriye, Mbak? Kok malah meneng wae?” pitakone Tini weruh Wati Ora aweh wangsulan,

“Yen miturutaku, sing jenenge katresnan kuwi ya kudu nyawiji, Dadi

ora bisa dipoiheng-potheng kaya ingkung,” sumaure Wati sajak ngajak guyon.

Nanging Tini sing atine kelara-lara ora ngguyu babar blas, Dheweke katon mbesengut Mbeguguk angutha waton! Swasana katon tintrim, Wati bali meneng maneh, Tini uga meneng,

“Apa bener kuwi, Mbak?” pitakone Tini sawise bocah wadon ioro

meneng-menengan.

“Lha ya bener ta, Dhik. Mosok, katresnan bisa diparo loro? Rak ya gawe laraning ati?” wangsulane karo mesem,

“Ya kaya mangkono kuwi laraning atiku, Mbak.”

Ooo, dadine Dhik Tiniiki lagi. Jagi “dimadu”, ta?”

Aa

Ba “Mbak ethok-ethok ngerti apa pancen ora ngerti?” pitakone

“Apasing kokarepake, Dhik?”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 104