Kaca:Sumunar.pdf/115

Kaca iki durung katitiwaca

Sutini ora bisa mbacutake puneme jalaran eluh saka mripate tumetes anaing pipine lan sirahe kaya arep pecah-pecaha,

. Tawa marg METENG ra [is bisama, KANG AENG. Wati semono uga. Dheweke ora bisa kumecap, Mung sepisan-pisan ngelap eluh ana mripate kang ora krasa uga tumetes ing pipine. ,

“Daktakon, Mas Jarwa?” swarane Sutini tansaya sero. “Layak wae yen wis gandheng kanca sesidheman karo mbak Wati. Aku wis ngeri mas, pangiraku wektu semana mung dhapur kebeneran wae Panjenengan ndherekake kondur Mbak Wati nalika njagong manten ana nggone Ratri, Jebul dibacutake ta, Mas?” omongane Tini karo nfentrehake.

Jarwa karo Wati isih durung bisa kumecap, Arep lungguh ora kepenak, jalaran anggone ngonek-onekake, tangane Sutini ngothang ngathung.

“Wis, Dhik, sabar. sabar,” panyelane Jarwa, |

| Sabar? Sabar sing kepriye? Kahanan oetha kaya mangkene bisa-bisane Panjenengan akon sabar,” wangsulane Tini kang isih nesu banjur nututi lungguh karo isih terus ngonek.

Sawetara welu Jarwa lan Wati mung meneng, Pancene wong loro

“Wis, Mas lan mbak Wati, Aku nyuwun katrangan kang gumathok. Aku lega tila Mbak, Panjenengan kersa urip bareng karo Mas Jarwa. Ning ya kuwi, menawa aku... wis mati.”

peso ditancepake ada ing dhadhane, Wati njerit kaet, Jarwa mbengok, Banjur mak cek. Tangane nyaut tangane Tini supaya peso mau ora bablas anaing dhadhane Tini, “Dhik Tini... Dhik Tini. ngono Dhik!” pangerihe Jarwa, “Wadhuh... kepriye ta, iki?” Wati bingung, banjur melu ngruket Tini. “Culna, Mas... Lilakna aku... Hlakna aku, Mas...”

a andhung ireng ing akasa tansaya ngumbara, nambah peteng ing wengi

ad

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 106