Kaca:Sumunar.pdf/12

Kaca iki durung katitiwaca

Sega kucing anggone tuku ing warung angkringan katon wis enak lan nikmat kanggone Satriyo,

“Le, apuranen Bapakmu.”

Satriyo katon jenggirat keprungu swarane Bapake, Mula Satriyo banjur pitakon, “Wonten menapa, Pak?”

“Kudune Bapakmu sing ngrumat kowe, Le, Golek sandhang pangan lan dhuwit kanggo sekolahmu.”

“Ah, Bapak sampun gadhah penggalihan ingkang kados makaten. Kula rumaos remen nglampahi sedaya menika,” f

“Ya kuwi Le sing ndadekake Bapakmu trenyuh, Dudu Bapak sing = Katon eluh kumembeng ing sapinggire mripate Pak Widodo, Atine banget kerantaranta ngerti yen Satriyo sing lapi umur 12 taun wis

Ki saga kesa. ma Tak Widodo ing sajroni paka Wr sakulawarga, pandongane 0 Ing sajroning,

piaraan, an Manan Sampun menggalih ingkang, boten-boten, ngenthengaken sangganipun Bapak.”

“Muga-muga Gusti ngijabahi panjanpgkamu, Le.”

“Amin Ya Robbal...”

Durung nganti Satriyo nerusake tembung “Alamin”, dumadakan kori dithothok kaping ilu.

“Thok... thok... thok ....”

“Assalamu dakum ...”

Keprungu swara serak tur abot saka ji baning lawang. Satriyo metu saka kamar, tumuju ing lawang ngarep.

Bareng lawang dibukak, saiba kagete Satriyo weruh tamu sing lagi

“Apa kowe bocah sing dodol koran awan mau?” pitakone wong lemu iku karo mesem,

“Nggih, kula piyambak,” sumaure Satriyo,

“Ayo, Bapak kudu nyuwun ngapura marang Mas ... Mas sapa?” pitakone bocah wadon cilik umur sepuluh taunan.

“Satriyo.” Satriyo sumaur alon.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 3