Kaca:Sumunar.pdf/120

Kaca iki durung katitiwaca

Kamangka Samingan mulih ana ing omahe mung arep nylamurake bojone tuwa sing wis duwe anak loro supaya mulih utawa tilik wong tuwane ana Salam.

“Bu kowe kok wis suwe durung tilik simbok lan bapak ana ing Salam? Yen arep tilik mumpung aku duwe duwit. Mengko dakwenehi dhuwit yen kanggo tuku oleh-oleh,” kandhane Samingan marang, bojone sing, tuwa nalika wis tekan omah,

“Aku ya kepingin tilik, Pak. Wong wis suwi osa tilik, Banjur kira-kira pirang dina, Pak?”

“Nek isa ya sing suwe. Kira-kira rong sasi. Dimen mari kangene, Anake dijak kabeh”

Bareng, wis sarujuk, Samingan menehi dhuwit marang Hamidah supaya tilik wong tuwane. Hamidah ora ngerti yen dheweke mung diapusi dening bojone, Samingan,

“Hmm, aman tentram dame sejahtera!” grenenge Samingan bareng bojo lan anak-anake wis mangkat,

Samingan klakon mboyong Purwanti mulih menyang omahe, Nanging, sadurunge rong, sasi dumadakan Hamidah mulih. Dheweke kaget bareng weruh ing omahe ana wong wadon, Purwanti uga kaget. Teka-teka ana wong wadon drajap-drajag mlebu ngomah tanpa kula muwun,

“He...he, koweki sapa?” pitakone Purwanti,

“Lho, aku sing duwe omah iki, je! Kowe ngopo neng kene?”

Hamidah ganti pitakon,

“Aku ki bojone Mas Samingan.”

Keprungu swara wong wadon padha padu, Samingan metu saka kamar, Mripate isih riyip-riyip amarga kebengen anggone turu, Weruh bojone mung nganggo sarung, Hamidah muntap karo ngunek-unekake Samingan.

“Mas, saiki kowe wis wani-wani ngapusi aku, Aku iki kurange apa? Yen kaya ngene, kuwi pilih aku apa pilih wong wadon sing ora tata iki?”

Samingan rame anggone padudon karo bojone, Hamidah. Purwanti mung lenger-lenger. Atine rumangsa kecelik maneh. Nanging kepriye wong, wis ping telu dadi manten? Arep njaluk pegat wis isin karo tangya teparo, Mula, bisane ya mung pasrah.

Sawise Hamidah muring-muring lan njahak pegat, Samingan nyaguhi. Sanajan Samingan wis mepat Hamidah, Purwanti ora sreg, amarga Samingan ya

ngapusi. Mula Purwanti wis ora percaya maneh marang wong lanang, Bola-bali wusrumangsa kecelik!

Wkk

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, pai