Kaca:Sumunar.pdf/126

Kaca iki durung katitiwaca

“O alah, Bul Kreceg napa! Sakniki kahanane niku pun beda! Boten kaya wingi-wingi. Sakniki sepi! Titip seket bali limolas, ngoten niku pun pinten- pinten dinten, Bu, Harak marahi rugi, ta?”

“Ya wis, Yu. Ditampa dhisik, Pancen kahanane ya lapi kaya ngene! Reregan ya ra umum kabeh regane, Durung nek ndelok TV kae Yul Anane mung dhemora uwis-uwis, Heeh ta Yu?”

“Lha enggih, Bu. Pemimpine nggih didhemo kon medhun, korupsi ten pundi-pundi papan,” ciuluke Yu Mento melu-melu urun rembug,

“Pancen bener kabeh kandhamu, Yu! Negarane dhewe ki janjane ya lagi lara. Lha piye ... ta? Ndilalah bae, neparane ki lagi diwenehi ppacoban karo Sing Maha Kuwasa, Ndhek emben awake dhewe wis ngrasakake anane lindhu kang gedhene ra jamak. Ngrusakake apa bae, ya omah, ya isine omah, ya uwong lanapa bae.”

“Leres minka, Bu!”

“Kabeh ora bisa suwala menawa kang gawe urip wis ngersakake, Ora bandha, ora bandhu, ora nyawa kabeh wis digarisake, Awake dhewe anane mung pasrah, Harak ngono ta, Yu!”

“Lha enggih. Ajeng pripun malih, Bu Endang? Wang pancen ngoten miku,” aloke Yu Mento,

Bareng wis meh tekan mesjid, Yu Mento takon marang Yu Sudi,

“Yu Sudi, aku takon, Apa undhangaranu wis kokgawa? Sebab ora bakal oleh.”

“Undangan apa, Yu?” Yu Sudi wiwit rada sengol

“Kuwi lho, Yu,” semaure Yu Mento saren, “Wingi sore ki cah-cah mbakmenawa disinggahke anakmu.”

Keprungu kandhane Yu Menia babagan bakal entuk dum-duman sembako lumantar surat undhangan, Yu Sudi semparet terus mulih, Tbuk nggone mlaku, Rasah nganggo menga-mengo, Tekan ngomah muring-muring cra karuwan. Anak-anake ditakoni kabeh ra ana sing ngerti, Sangsaya tambah nesu. Takon nwana-mrene kekitrang ra karu-karuwan. Jupuk pit mara neng nggone takmire,

“Sampun dibekta wong RT Ol, Yu,” sumaure takmir.

Tanpa sranta, Yu Sudi nyengkelak pit, mara nggone RT-ne,

“Pak RI, undhangan sembako kula teng pundi Kancane dha didumi, kok kula boten, Niku jenenge rak bedak-bedakke ta. Dadi RT ki kudune ngerti. Sing, kudune diwenehi ki sing wonge kekurangan. Ora malah kuwalik. Sing sugih-sugih lan sing mambu sedulur kok malah oleh, Niku

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, A