Kaca:Sumunar.pdf/127

Kaca iki durung katitiwaca

jenenge rak KKN, ta?! Dadi RT ra jegos bee kok ya dipilih karo rakyate! Apa njaluk didhemo?” grenenge Yu Sudi isih karo mangar-mangar lan muni-mini ra karu-karuwan sinambi lunga. Atine rumangsa lega amarga bisa ngunek- unekake RT-nesing dianggep ora adil marang dheweke,

Kana a aan ang maneng kae, KAN NANA Br lenger, takon ing batin, “Aku ki bengi ngimpi apa?”

Neng dalan, Yu Sudi ketemu karo Gotri. Dheweke upa banjur takon.

“Le, apa kowe ngrti sapa sing ngedum undhangan sembako!” h

“0, ngama Lik, nggene njenengan niku ketoke digawa kalih Doni. Niku Lho, anake Pak Dhe Suhar.”

Cengkelak. Yu Sudi ngenggokke pite terus ngener neng ngomahe Doni. Bareng wis ketemu banjur nakokake undangan sembako, “Kowe

nggawa 3

“Apa, dadi kowe ora nggawa undhangane? Biyangane tenan ki. Kabeh wis dha sentimen tenan karo aku, iyoh! Tak trima! Ning, arep takgoleki nganti ketemu. Dumeh wong ra duwe bae padha ngece karo aku.”

Tekan protelon desa, Yu Sudi ketemu Pak Nata,

“Ngapa je, Yu, kok ketoke lagi nesu?” takone Pak Nata. ,

“Lha pripun ta, Pak? Dumeh kula wog ra duwe malah diiyik-iyik. Napa men kula ora oleh ngoten, ta? Harak ngece ta niku? Wong sing ketok- ketok malah dha diumdang. Niku pripun Pak nek ngoten niku?”

“Oo, undhangan neng mesjid? Ngene Iho, Yu. Sing oleh undhangan kuwi wong-wong sing ora tau mangkat. Nek kowe rak sregep mangkat Dadi ya ora oleh undhangan. Ngono kuwi Iho, Yu! Wis dhong durung?”

“Yen ngaten nggih pun Pak, kula pun ngertos dhodhok selehe. Nuwun nggih, Pak?”

Ya Sudi nyengklak pite bablas neng, mesjid, Dum-duman sembako wis diwiwiti, Aku lan Yu Mento uga wis nampa, Kari nunggu Yu Sadi.

Bareng Yu Sudi nampa sembako, dheweke katon seneng atine, ketara ngguyangguyu sebab wis lali karo mau anggone muring-muring ngunek- tunêkake RT-nesing ora ngenti apa-apa. Bot-bote dadi RTI

Tekan ngomah, buntelan tas kresek ireng banjur dibukak, Jebul isine beras, mi, gula, lenga, lan andhuk!

“Alhamdulillah,” pamujine Yu Sudi,

Dhasar ...!!

Selokambang, 6 Agustus 2006

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 118