“Bapak kudu nyuwun ngapura marang Mas Satriyo,” ujare si bocah wadon cilik iku karo mrengut nanging nggemesake. Astane Bapake sing lemu ditarik-tarik supaya nyalami Satriyo.
“Sumangga, lenggah rumiyin.” Satriyo mbagekake tamune.
Tamu loro padha mlebu ngetut saburine Satriyo. Banjur lungguh ing kursi sing wis reyot kabeh, Priyayi lemu iku katon milang-miling ngingeti kursi sing wis banget tuwane. Sajake kuwatir yen awake sing lemu iku bakal katut ambruk glangsaran bebarengan karo kursi. Dene bocah wadon cilik tanpa wigah-wigih banjur lungguh kursi, Praupane isih besengut.
“Sejatosipun wonten menapa, Pak?” ujare Satriyo marang priyayi lemu sing kanthi ngati-ati lungguh ing kursi.
“Ngene, Satriyo, Dhek awan mau Bapak durung nganti mbayar koran, nanging lampu ijo wis murub, Mula Bapak njaluk pangapuramu wae. Tujune ana putriku si Sinta sing manis iki, Yen ora, bokmanawa aku ya ora bakal bisa dolan mrene” ujare priyayi lemu sing asma Pak Bambang Sastroatmodjo.
Sinta katon gumuyu renyah weruh Bapake njaluk ngapura marang Satriyo. Atine katon marem. Praupane sing besengut wis ilang tanpa tlacak. Dhasar bocah aleman!
“Yen nyuwum ngapura thok, ya kecut Pak.”
“Ya ... ya ... ya, Bapak upa arep mbayar korane.” sumaure Pak Bambang karo mesem. Dhompet sing kandel banget wis metu saka sak dana. Pak Bambang banjur ndudut dhuwit salembar warna abang gambar Bung Hatta. “
“Iki dhuwit minangka anggonku mbayar koran, Satriyo,”
Pak Bambang ngulungake dhuwit atusan ewu marang Satriyo. Nanging Satriyo mung njenger. Ora gelem nampani dhuwit sing lagi iki dingerteni dening Satriyo.
"Ayo Satriyo, kuwi dhuwit halal saka Bapak. Tampanana wae," sambunge Sinta serius.
“Boten, Pak. Kula sampun ikhlas, kok.”
“Wis ta. Dhuwit iki rak bisa kanggo kebutuhan sekolah.”
“Matur nuwun, Pak, Kula teksih gadhah arta inggih sanajan namung sekedhik".
“Huk ... huk ... huk ..,,” swarane Pak Widodo watuk-watuk saka njero kamar, “Ana sapa ta, Le?”
“Menika, Pak. Wonten tamu agung. Asmanipun Pak Bambang kaliyan Putrinipun."
“Hmmm, bener kandhane tangga-tangga ing kene. Bapakmu gerah, ya?” pandangune Pak Bambang.
SUMUNAR Artologi Crita Cekak, 4