Kaca:Sumunar.pdf/130

Kaca iki durung katitiwaca

Kaya ngapa larane atine Rina bareng anake lair ora dimggoni saiki i i.

“Wis, rasah kakehan lambe, Aku mulih mbengi ki rak ya golek dhit?” wangsulane Prastawa sajak atos,

Rina mung ngelus dhadha. Sajak getun dene pelem dadi bojone

kang nganti titi wanci iki mung dinikah siri.

“Ah, iki kabeh luputku. Bokmanawa Gusti paring ukum karma marang awakku kang wis ngrebut Prastawa saka sisihane” Rina ngudarasa. Nglokro. meh jam rolas mbengi.

Prastawa pancen sregep golek tambahan rejeki kanggo seneng-seneng, Yen bengi jaga ana kafe. Ya ana ing kafe kuwi akeh wanita kang pelem diajak seneng-seneng, Malah dheweke ketemu karo Hesti, penyanyi ana ing kafe kono.

gelem muruti apa wae sing dadi Aku dadi bojomu, Mas Pras, Panjenengan kersa? Nanging saiki aku butuh dhuwit, kersa nuruti?” Pitakone karo ngelus-elus pipine Prastawa kang lungguh ana ing cakete, “Pira?” “Ora akeh, Mas. Mung satus yuta?”

“Aku wenehi apa wae panjalukmu. Kabeh panjalukmu bakal daklaksanani. Ya amarpa aku tresna tenan marang sliramu.”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 121