“Inggih, Pak. Nanging namung gerah watuk, kok.”
“Lara ya lara, Sanajan mung watuk, nanging yen kebanjur-banjur rak iya bisa bilai. Bapak bisa ketemu karo Bapakmu?”
“Sumangga, Pak. Ning nyuwun pangapunten, panggenanipun awon sanget."
Pak Bambang sejak ora ngrungokake kandhane Satriyo. Dheweke menyat saka kursi banjur mblebu kamar. Weruh Pak Widodo kang turin ana amben. Pak Bambang nyedhaki.
“Nyuwun pangapunten, Pak. Kula lancang kumawantun mlebet kamar Panjenengan”
Pak Bambang banjur lungguh sacedhake Pak Widodo kembeng-kembang luh.
“Sampun priksa dhokter utawi tindak priya sakit, Pak?”
“De ... reng, Pak,” sumaure Pak Widodo apa anane,
“Manawi makaten, sumangga kula dherekaken wanten griya sakit”
“Matursewu nuwun, Pak, Mangkerak mantun piyambak.”
“Manawi boten dipun priksa, kados pundi badhe mantun? Mangke nemen!”
Pak Widodo unjal ambengan landhung. Priksa nang rumah sakit? Ah, ragade njur pira? Kemangka dheweke ora duwe dhuwit. mangan wae sing golek anake, Satriyo. Mangkono pangudarasane Pak Widodo sajroning ati.
“Pripun, Pak? Mangke kula sedaya ingkang badhe mbayar,” sambunge Pak Bambang sajak ngesti apa kang dadi penggalihane Pak Widodo,
Pak Widodo ora bisa sumaur, Pasrah. Apa priyayi lemu iki diutus dening Gusti murih biyantu dheweke?
“Dhuh Gusti, matur nuwun awit kanuprahan Panjenengan,” ujare Pak, Widodo lirih.
“Sumangga, Pak. Kula tuntun wonten ngajengan.”
Pak Bambang Klakon nuntun Pak Widodo mudhun saka amben. Alon-alon metu saka kamar. Satriyo lan Sinta sing wis katon raket age-age mbiyantu nuntun Pak Widodo tumuju ing Mercy,
Letsedhela, swarane mobil kang alus ninggalake papan kono, Tumuju ing rumah sakit. Ya ing rumah sakit kuwi Pak Widodo opname sepuluh dina, Dene sakabehe biaya ditanggung dening Pak Bambang,
Wis seminggu Pak Widodo ngayahi jejibahane maneh minangka tukang becak, Sanajan wis dirayu Pak Bambang murih gelem dadi pegawe ing,
SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 5