perusahane, Pak Widodo tetep ora gelem nampa, Dheweke wis rumangsa kepotangan budi kang ora bisa diukur marang Pak Bambang.
“Kula rumaos remen narik becak, Pak. Inggih kanthi menika kula kepengin supados anak kula saged dados tiyang, Dados tiyang ingkang kawiwitan saking gesang ngrekaos,” mangkono ngendikane Pak Widodo.
Dene Pak Bambang ya ora bisa meksa marang kekarepane Pak Widodo, Pak Bambang kepara salut marang, Pak Widodo kang ora gelem nggantungake uripe marang liyan, Sabanjure Pak Bambang ngendika, “Inggih sumangga. Nanging menawi mbetahaken menapa kemawon, sampun sungkan-sungkan matur dhateng kula, Pak Widodo.”
Ewadene Satriyo sing, pancen bocah sregep, wulangan ing sekolahe moncer, Bola-bali dadi juwara ing sekolahe. Kepara dheweke entuk beasiswa, Satriyo bener-bener diajab dening wong tuwane supaya dadi wong kang migunani tumrap bangsa lan negara. Mula dheweke ora oleh maneh dodolan koran, Wektune mung mligi kanggo sinau lan sinau. Sanajan yen sinau mung
Senthir kang wis madhangi kira-kira rong puluh taun kepungkur saiki tumata kanthi permati ing lemari kaca kagungane Pak Dhokter Satriyo. Dene Bu Dhokter Satriyo, ya Dhokter Sinta, sing ngrumat senthir “pusaka” mau.
“Bu, Andi mau lampu itu untuk mainan,” ujare bocah lanang umur Tong taun kanthi basa Indonesia.
“Ora pareng, iku lampu pusaka kagungane Bapak. Iya kanthi lampu kuwi Bapakmu bisa dadi priyayi kang hebat”
“Andi mau sepelti Bapak, Andi mau belajal pake lampu itu.”
“Iya, mengko Bapak karo Ibu mundhut senthir kanggo Andi, ya?”
"Holeee, Andi punya sentil. Andi punya sentil."
—Cuthel—
SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 6