Kaca:Sumunar.pdf/16

Kaca iki wis dikorèksi

KOMPUTER

Siti Kisdiyantini

Kahanan laboratorium kompuler ing papanku makarya saiki katon regeng. Ora amarga para murid Tapi entuk wulangan Teknologi Informatika Komputer (TIK), nanging para bapak ibu guru wiwit minggu kepungkur diwajibake dening Kepala Sekolah kudu melu kursus pengenalan komputer supaya katut ombyaking jaman kang apa-apa saiki migunakake sistem kompulerisasi,

“Mari Bapak-Bapak dan Ibulbu Guru, kita mulai pengenalan komputer ini dengan belajar membuat email atau surat elektronik, Dengan email ini nantinya Bapak, dan Ibu Guru bisa berkirim berita dengan cepat tanpa harus menunggu beberapa hari, seperti kalau kita berkirim surat melalui pos, Marilah, petama-tama..."

Swarane tentor komputer padha digatekake kanca kabeh, Pranyata kabeh padha manut lan seneng kaya bocah cilik entuk dolanan anyar. Ya amarga rumangsa seneng bisa melu ngrasakake kamajomning teknologi migunakake komputer, Ing batin mbok menawa padha ngunandika, “Wah, aku ora bakal kalah karo cah-cah saiki. Amarga sithik-sithik wis bisa nggunakake komputer.”

Aku dhewe rumangsa seneng entuk kalodhangan melu kursus iki. Saliyane gratis, uga bisa ngantheng-enthengi gawean administrasi guru ing mengkone. Upamane, gawe laporan biji murid-murid mung kari mbukak dhata sing wis disimpen. Arep gawe rangking mung kari mencet "klik". Arep gawe rata-rata biji ora sah ngetung mumet, mung kari nunul komputer kang ora gatalan suwe wis otomatis metu dhewe asile. Wah, jan kepenak tenan yen aku bisa mahir migunakake komputer. Ora sah njaluk tulung ngetikke maneh. Kabeh wis bisa dak lakoni dhewe tur mesthi cepete.

Kancaku kang asmane Pak Bambang iki pancen ora kalah semangate karo aku. Dhasar piyayine enerjik, mula ana kegiatan apa wae ing; sekolahan mesthi dieloni, Kegiatan lintas alam, sepedha gembira, kemah, nganti kegiatan bhakti sosial, Sing asmane Pak Bambang mesthi ora tau kari.

Pancen, kegiatan kursus komputer kanggo para guru ing sekolahku padha disengkuyung kancaku kabeh, saengga ing saben jadwal kursus laboratorioum komputer mesthi kebak. Iku kabeh amarga padha ngrasakake manawa komputer pranyata bisa nggampangake lan ngenthengake gaweyan administrasi puru. Sangsaya suwe meh kabeh kancaku wis lanyah anggone

SUMUNAR Autofogi Crisa Cekak, 7