Kaca:Sumunar.pdf/17

Kaca iki wis dikorèksi

ndemok komputer. Malah saiki ana sing wis bisa diatfing, yaiku kirim-kiriman kabar utawa omong-omong, karo wang liya sarana migunakake komputer.

Pak Bambang, malah bisa diarani “keranjingan”. Saben-saben ana wektu lodhang mesthi digunakake dting. Yen wis ngono, dheweke betah lingguh ing ngarep komputer nganti tekan sore. Aku dhewe sing biasane mung weruh, suwe-suwe malah ketarik kepengin bisa ngrasakake chatting. Tanpa wigah-wigih Pak Bambang malah ngajak lan ngajari aku supaya bisa melu-melu apa kang dadi karemane Pak Bambang; chatting!

“Weee, kadingaren. Njanur gunung tenan, Pak, njenengan dolan ing laboratorium komputer, Lagi ana jam kosong apa piye, Pak Joko?” pitakone Pak Bambang nalika weruh aku jumedhul saka lawang laboratorium komputer.

“Wah, sejatine aku dina iki pancen libur kelas, ora ana jam mulang, Pak. Tinimbang ing omah mung disambati bojo wae, tur marakake mumet, aluwung dolan ing laboratorium komputer, ngiras pantes nglanyahake anggonku nyinau komputer iki,” wangsulanku karo nyedhaki Pak Bambang kang katon asyik ketungkul mejat-mejet hurup-huwup ing keyboard komputer

“Pak, Bambang, njenengan ki Jagi nggarap apa kok katon asyik banget?” "iki lho, Pak, sing jenenge chatting. Aku lagi entuk kenalan pirang-pirang cacahe liewat chatting iki. Malah ana sing wanodya, lho. Yen kepingin tindaka mrene mengko dakajari."

Pak Bambang iki pancen seneng sembranan wiwit isih dadi kancaku sekolah biyen. Dhasar rupane bagus lan dedege dhuwur. Mula ora nggumunake yen akeh wanita pdha gandrung kayungyun. Emane, Pak Bambang kuwi seneng banget nyembranani wanita utawa malah kena diarani "buaya dharat", kaya judhul lagune Ratu. Sifat mau pancen wis suda sakploke dheweke omah-omah karo Wati.

"Pak, aja mung ngematkel ayo dakajari chatting, mengko nak njenengan terus bisa. Wah, nyenengke lho, Pak. Entuk tepungan karo wong akeh ing dunia maa. Mengko awake dhewe rak terus duwe kanca akeh senajan orang tau gethuk ketemu. Iki aku malah entuk kenalan padha-padha guru matematika, jenenge Pak Bagya. Ayo dakkenalke."

Aku kang wiwit mau mung ndelengke anggone Pak Bambang chatting suwe-suwe ketarik kepingin nyoba. Amarga wis rada kulina nyekel komputer, mula aku gampang wae nalika diajari chatting. Sedhela wae aku wis bisa nyapa pawongan-pawongan ing papan liya liewat komputer. Wah nyenengake tenan jebule. Aku bisa refreshing saka prakara-prakara sing marahi ruwet kanth


SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 8