Kaca:Sumunar.pdf/18

Kaca iki durung katitiwaca

dutting. Apa maneh ngelingi masalah ing bale somahku. Pikiranku banjur nglambrang tekan ngomah,

Sakjane wis sawetara wektu iki aku digawe bingung lan mumet amarpa pokale Maryani, wanita kang wis sepuluh taun dadi bojoku, Dheweke kepingin kaya kanca-kanca sakantor sing padha duwe komputer, Mula dheweke banjur ngedrel njaluk ditukokake komputer, Alesane supaya gaweyan kantor bisa disambi ing ngomah lan ora perlu nglembur ing kantor. Nanging, sepira ta pajiku minangka puru golongan cendhek? Tur maneh, isih ketambahan tanggungan anak telu kang lagi kemrapad-kemrapade?

“Walah Bu, komputer mono rak regane ora murah lan anggone ngrawat ya kudu temenan? Tur maneh, sasi iki rak bocah-bocah mbutuhake ragat kang ora sethithik, ta? Yen pancen kudu ngrampungake tugas paweyan, saiki rak akeh rentah-rental komputer kang bisa disewa? Mengko dak rewangi yen aku ana wektu lodhang,” mangkono kandhaku saben-saben bojoku njaluk ditukokake komputer, pos kang wis mesthi.

“Thetthet-het....”

Bal tandha yen sekolah wis bubar nyadharake aku saka anggonku ngalamun. Aku uga banjur kelingan menawa aku lagi ana ing laboratorium kom 4

Pa, aku bali sik woe, Dina Id aka wis kangsen kero bocahebocah arep ngeterake golek buku,” kandhaku marang Pak bambang.

“Wah, mbok mengko wae kondure, Iki aku lagi ketungkul omongan karo kanca diatling, je. Ning yen menawa njenengan wis ana acara liyane, ya ngaturi sugeng kondur. Aku mengko jam lima sore. Wong anak-anakku ya pinuju lagi ning omahe mbahne karo bojoku.”

“Ya wis, Pak. Aku titip salam kenal wae karo kanca-kanca diling .... ha....ha...;” guyonku,

“Salam kenal, pa salam tempel, Pak?”

“We, aja sembrana! ana setan liwat mengko. Wis Iho, Pak, aku

Aku bajur nunium montor tuwa sing wis pirang-pirang taun tansah setya ngetutake lakuku saka jaman aku isih kuliah tekan aku nyambut gawe, bebojoan, lan saiki malah wis anak-anak telu. Yen rumuli ati, sakjane ya kepingin ganti kendharaan. Nanging amarpa kebutuhan liyane luwih wigati, pepinginan ganti kendharaan kudu dikalahake karo cidlan omah, ragat sekolah bocah- bocah, sarta kanggo urip saben dinane, Mendah kaya apa abote menawa

SUMUNAR Arzobgi Crita Cekak, 9