Kaca:Sumunar.pdf/19

Kaca iki durung katitiwaca

Maryani, sisihanku, ora melu nyambut gawe? Senajan mung dadi pegawai administrasi ing perusahaan swasta, nanging kabeh mau wis bisa melu mjejegake ekonomi keluargaku,

Tekan sekolahane bocah-bocah pranyata anakku wis padha ngadhang ing gapura sekolah, Sing cilik karo sing mbarep mbonceng ing mburi, dene sing nomer loro mbonceng ing ngarep, Bocah-bocah langsung padha njujug ruwang, makan lan langsung nyerbu masakan kang wis disedhiyakake rewangku.

“Ibune durung bali pa, Mbok?” pitakonku marang Mbok Nah nalika mlebu omah ora weruh glibete sisihanku,

“Dereng je, Pak, Mbok menawi lembur. Ning kala wau sampun konda lejeng mad malih, Ngendikam badhe sapakia, tendkd mgelik apesan menapa napa ngaten, Pak.”

“Ya wis yen ngono, Mbok. Tulung bocah-bocah kae diwrusi dhisik, Mbok. Aku dak ngaso,”

Aku banjur tumuju kamar salin klambi lan leyeh-leyeh karo mbatin bojoku kang wis sawetara iki seneng bali sore kanthi alesan nggarap laporan kantor ing rental, Kaya-kaya saiki wis nglirwakake jejibahan dadi ibune bocah- bocah, Nggarap tugas kantor ki kena-kena wae, nanging yen nganti nglalekake jejibahan minangka ibune bocah-bocah, Iha rak malah mesakake anak-anakku? Kagawa saka keseling awak, suwe-suwe aku keturon,

“Pak, wis surup, Ayo wungu! Ora ilok surup-surup sare.”

Ngerti-ngerti Maryani wis nggugah aku kanthi durung ganti klambi,

“Kok nganti tekan yah mene anggorunu metu, Bu? Mesakake bocah- bocah padha nakokake ibune terus.”

“Lho, Pak. Aku metu rak merga ngrampungake tupas-tupas kaninr. Yen mung daktulis tangan ngono wae ya bisa, ning rak ora praktis, Tur kesuwen! Mula aku banjur ngetik ing rental, Aku wingi-wingi rak wis usul mbok diusahakake golek komputer. Ya ra ketang seken ning angger isih apik rakya ra papa, ta?”

“Dhaswit saka ngendi, Bu? Gene ngerti dhewe yen kebutuhane dhewe iki pancen pirang-pirang? Apa maneh bocah-bocah lagi mangsane kemragad.”

“Lha merga saka iku, aku saiki kerep ning rental ngetik laporan- laporan gaweyan iki. Lha yen ing ngomah ra ana komputer, neng ngendi maneh yen ora neng rental?” saute Maryani emoh kalah, Mula aku bisane ya mung ngalih, terus mlebu kolah, adus!

Dina-dina candhake kera dipesthekake menawa Maryani mesthi bali yen wis wayah surup. Aku dhewe wis makaping-kaping ngandhani yen

SUMUNAR Antokgi Crita Cekak, 10